Home » » Teks Ngujubaken Genduren

Teks Ngujubaken Genduren

Written By lesbumi on Kamis, 15 Desember 2016 | 21.30

Nuwun keparengo matur wonten ngersanipun poro rawuh sepuh miwah anem sedoyo.  Sak derengipun kulo matur mbok bilih wonten kalepatan atur kulo ing sak mangke kulo nyuwun gonging  samudro pangarsami.

Sumonggo kulo aturi sesarengan muji  syukur wonten ngersanipun Gusti Allah ingkang moho kuaos , ingkang paring kanikmatan karahayon dumateng kito sedoyo.

Antawisipun nikmat kesarasan, keimanan soho keislaman sehinggo wekdal meniko kulo lan panjenengan sami saget hangrawuhi punopo ingkang dados jawilanipun bopo ………………………….sak kukuban.

Bopo…………….sak kukuban Hangaturi rawuh dumateng kulo soho panjenengan sedoyo ingkang sak perlu bade dipun suwuni sawab pandunganipun wilujeng slamet anggenipun bade kagungan hajad………………………………….mugi-mugi  Gusti ingkang Hangaryo jagat tansah maringi keslametan karahayon mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.

Sholawat  soho salam mugi kunjuk  atur dumateng Gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluargo soho shohabatipun Abu Bakar, Umar, Usman soho Ali Alaihi sholatu wassalam.

Dene wekdal meniko kulo kapurih ngikrar aken punopo ingkang dados niat soho Hajatipun shohibul Bait bopo…………………………….Wodene wekdal meniko bopo…………………..kagungan Hajad injih meniko bade………………………

Pramilo panjenengan sedoyo dipun aturi Nyekseni lan dipun suwuni pandungo wilujeng dumateng bopo ……………………..sak kukuban,  mugi-mugi asalipun Gelar Genduri  Sodaqohan wonten dalu puniko tansah pikantuk barokah soho Rahmad  saking Gusti Allah SWT.

Ing wekdal meniko bopo……..Rerakit Ubo Rampinipun Gelar Genduri ingkang sampun wonten Ngarso Panjenengan sedoyo.

Sepindah Rerakit BUBUR ABANG PUTIH, Meniko kangge mbektosi sederek ipun bopo…….ingkang lahir tunggal sedino, Marmarti Kakang Kawah Adi Ari-ari Sederek sekawan gangsal pancer Getih Puset. Sederek ipun ingkang kerawatan lan sederekipun ingkang mboten kerawatan, Sederekipun ingkang Lahir medal Margo ino soho Sederekipun ingkang lahir mboten medal Margo ino, Soho Sederekipun ingkang lahir sareng sedino.Sederekipun ingkang  tunggal sakpertapan sanes panggenan ingkang kandek Dasare tuyo Dasare Bumi . Pramilo dipun bektosi  mugi-mugi Maringono pandungo wilujeng sak rintene soho sak dalunipun mboten wonten alangan se tunggal punopo-punopo. Lan Mbektosi sederek ingkang  Celak tanpo Sinenggol tebih tanpo wangenan, Mugi-mugi Maringono Wilujeng dumateng bopo………..sak keluargonipun.

Bubur Abang Putih  sebab meniko atur bekti dumateng Kyai Smerobumi soho Nyai Smorobumi, Kaki Danyang  soho  Nini Danyang   ingkang  Mbahu Rekso Dusun………..Kelurahan …………….mriki.

Ingkang sak lajengipun Bopo……………..Rerakit Pisang Ayu sekar konyoh Gondo Arum meniko Atur bekti Dumateng  Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekkeh Madinah.  Pramilo dipun bekteni Mugi-mugi Maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten alangan setunggal punopo punopo.

Ingkang saklajengipun Bopo ……………..Rerakit sekol suci Ulam sari,  Duduh Lembaran.  Atur bekti dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW,  Keluargo soho Shohabatipun sekawan inggih meniko Abu bakar, Umar, Usman soho Ali alaihi sholatu wassalam.

Lan Atur bekti dumateng Bopo Adam Ibu Howo,  Bopo Angkoso Ibu Pertiwi lan Atur bekti dumateng poro Nabi,  poro Wali,  poro Suhada,   poro Alim Ulama,  poro Mukmin Mukminat.  Pramilo dipun bekteni mugi-mugi maringono Pandungo wilujeng   Rinten sak Ndalunipun mboten wonten Alangan setunggal punopo-punopo.   Sebab maleh atur bekti dumateng  Kanjeng nabi  Sulaiman Alaihi salam  ingkang  Nguasani   Kutu-kutu,   Walang,    Atogo sak lumahing Bumi  sak kureping Langit,  Pramilo dipun bekteni  mbok  bilih  wonten kirang kalepatanipun Anggenipun  Amragat  Sato Iwen  ingkang  Suku kalih soho Sato Iwen ingkang Suku sekawan Mugi-mugi  Kanjeng Nabi Sulaiman kersoo  Amaringi pangapunten..>>>>>>>>>>>>>>>>

Share this article :

Posting Komentar

 
Support : NU | GP. ANSOR | PP Muslimat NU
Copyright © 2011. LESBUMI NU TARAKAN - All Rights Reserved
Dukungan MUI dan Kota Tarakan
Proudly powered by Blogger
}); //]]>